JENENG
KETUKER
Kring... kring.. kring ...suara hp moni mandan sue. “Halo,
assalamualaikum, ana apa Karnelpun wengi-wengi?”. Pas telpune oni kue jam 01.15
WIB. “Iki loh bu, mbah warsih sedo”. “Innalilahiwainailaihi rojingun” karo
nggelolo nangis seru pisa. “Kar.. Kar..?”mae nyeluki sekar tapi jebule telpune
wis mati kawit mau. Karo ati nyesel banget menawa bada wingi Narsik ora bali. “Mak
lah aku nyuwun pangapura lah” karo mbaor-mbaor seru pisan nganti ojone lan
anake singpaling cilik tangi. “Ana apa to bu?” bajone takon karokebingungan.”iki
loh pak, make sedo” karo tesih nangis. Bapake kaget banget karo ngomong”Innalilahi
wainailaihi rojingun, anu kenapa jereto bu sedone?” . Ibune njawab karo
magep-magep banget “hem..hem..hem.. ora
ngerti pakSekar di telpun maning gak iso”. Bapak njawab karo pura-pura tegar “Yo
sing sabar yo bu, siki siap-siap ayo bali meng ndeso”. “opo bapak ora kerja?”. “Yo
iki apak usaha izin bu”.
Karo tata-tata jebule ora kerasa wis jam
05.00 WIB. “Ndang cepetan to bu wis awan arep tekan Banyumas jam pira?”. “iyo
pak, Iki ibu wis siap karo Harum pak, ayo ndang mangkat pak”
Neng ndalan ibu nyoba nelpun Sekar “Halo Kar?”. Sekar ngangkat telpun
karosuaramandan bendeng menawa andan pileg “Injih bu, wontennopo?”.”Kepriwe siki
embah?”. “Embah sinten bu?”. “Mbah warsih kar”.”owh mbah warsih yo sae saemawon
bu, wonten nopo to?” tut.. tut..tut “yah pakpulsane entek iki”. “yo wis lah bu
wis arep tekan Banyumas ikih”.
Saktekane nang umah ibu banjur ngomong
nang njeroatine “Loh deneng ora ana bender kuning nang njaba umah yah?” lan
deleng kanan kiri lan nang njero umah katon sepi, "kar...kar..." nyeluki sekar nang ngarep umah "Loh ibu,?" sekar karo ndelengna ibune karo kaget . "Lah jere koe wingi embah sedo deneng ora ana bendera kuning nangngarep umah?". sekar njawab karo kaget "Lah kapan bu, sekar ngendeka yen embah sedo?"."Lah sing pas kae koe telepon?".sekar nyoba njelasna marang ibune" Bu paskae Sekar ngendike sing sedo kuwo mbah warso u, sanes mbah warsih, iku loh bu mbah warso tukang pijet ibu yen bali ndesa kaeluh bu sing ndesa sebelah". "alhamdulilah.. ibu kira sing seda mbahmu kar dadi ibu cepet-cepetmulih karo bapak.